Menawi panjenengan tindak dhateng Jogja lan meringaken wicantenipun lare-lare enem ingkang angagen bahasa gaya Jogja, panjengan temtu bingung.
Menika kuncinipun manawi badhe sinau:
Plesetan menika kadadosaken kanthi angutak-atik aksara jawa.
Aksara jawa baris 1 dipun gantos kaliyan baris 3, baris 2 kaliyan baris 4, lan sewalikipun baris 3 kaliyan 1, baris 4 kaliyan 2
Cobi dipun gatosaken seratan ing ngandhap menika:
1. ha na ca ra ka =======> pa dha ja ya nya
2. da ta sa wa la =======> ma ga ba tha nga
3. pa dha ja ya nya =====> ha na ca ra ka
4. ma ga ba tha nga =====> da ta sa wa la
tuladha:
matamu ============> dagadu
kowé ==============> nyothé
turu ===============> gunyu
mangan ============> daladh
ayu ===============> paru
mas ===============> dab
Sugeng pepanggihan para sadherek.
Kawula wonten mriki badhe nyobi babagan bahasa jawi ingkang rumiyin kala kula alit kagem wicanten sak dinten-dinten.
Sakpunika menapa taksih kemutan menapa mboten?
Manggo sadaya kemawon ingkang badhe paring seratan, kawula sumanggakaken
Matur nuwun sakderengipun